TEKS MC BAHASA KRAMA
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kawula
Nuwun Ingkang
kinurmatan, Bapak Kepala Desa Blawirejo
Ingkang kawula hormati, bapak Kyai Haji Anwar Zahid
saking Kanor,
Ingkang kawula hormati, para bapak saha ibu
tamu undangan
Sumangga kita panjataken puji dalah puja
syukur dhumateng ngarsanipun gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kita
kesehatan sehingga wonten dinten saniki kita saged makempal ing mriki kanti
mboten wonten halangan setunggal punapa. Shalawat dalah salam kita junjungake
dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten Yaumil
Qiyamah. Amiin…
Wonten mriki, kawula supados pranata hadicara
badhe maosaken acara pengajian menika:
1. Pambuka
2. Waosan ayat suci al-qur’an
3. Sambutan saking Ketua Panitia Acara
4. Sambutan saking Bapak Kepala Desa
5. Mauidhoh Hasanah saking Bapak Kyai Haji
Anwar Zahid
6. pengaosan dungo saking Bapak H.
Tunggul Bagus
7. Panutup
·
Acara ingkang pengajian menika Sumangga kita bikak ngangge waosan Basmalah, Bismillahirrohmanirrohiim. Acara
ingkang kaping kaleh inggih punika waosan ayat suci Al-qur’an saking sodara
Abdullah Affan, Kangge wekdal lan Panggenan Kula sumanggaaken (……….) shodaqollahul’adhim
X2 mugi-mugi saking waosan ayat suci Al-qur’an wau acara niki angsal barokah
saking gusti Allah SWT. Acara Ingkang kaping tigo inggih punika sambutan saking
Bapak Ilham Alfian supados Panitia acara Pengajian, kangge
wekdal lan panggenan kula sumanggaaken (………….) maturnuwun kangge sambutanipun.
Sambutan ingkang kaping kalih inggih punika saking Bapak Kepala Desa dhumatheng
Bapak Oktavio Rizki Mahira kula sumanggaaken (………) mekaten kala wau sambutan
saking bapak Kepala Desa. Maturnuwun sampun ngelodangake wektunipun. Salajengipun,
yaiku mauidhoh hasanah Ingkang badhe disampekakan saking Al-mukarom Bapak Kyai
Haji Anwar Zahid, kangge wekdal lan panggenan kula sumanggaaken (……………) maturnuwun
kangge mauidhoh hasanah saking Bapak Kyai Haji Anwar Zahid. Selajengipun, yaiku
pengaosan dungo saking bapak Haji Tunggul Bagus, kangge wekdal lan panggenan
kula sumanggaaken (……..) maturnuwun kangge pengaosan dungo saking bapak Haji
Tunggul Bagus. Mugi-mugi waosan dungo saking bapak Haji
Tunggul wau kito sedaya angsal barokah lan manfaat saking pengajianipun.
Dilajengaken acara pamungkas inggih punika panutup. Mangga acara Pengajian punika kita tutup kangge
waosan hamdalah, Alhamdulillah…. Mekaten atur kula, menawi wonten atur ingkang
kirang mranani, kula nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
No comments:
Post a Comment